Lirik Lagu Merwex Crew - Cah Acara

Lirik Lagu Merwex Crew - Cah Acara

He cah acara rungokno laguku iki
Merwex crew, dirty dog, mr. Fc dadi siji
Aku ora nyindir tapi aku mung glendengi
Nek koe kroso sokor nek mangkel yowes sorry

He cah acara rungokno laguku iki
Merwex crew, dirty dog, mr. Fc dadi siji
Aku ora nyindir tapi aku mung glendengi

Aku kok soyo gumun karo bocah saiki
Mangkat nang acara mung go golek sensasi
Ora ngerti opo sek arep digoleki
Pokoke nganggo waistbag dicangklong siseh mburi

Bentukmu ko tukang parkir klepekan doro gambir
Nganggo bucket hat kembang" koyo kudungan ember
Opo ndasmu anti pecah tak gone nimbo wae
ora sah kakean polah merwex crew pancen saksake

Jarene nganggo dickies ben marakke eksis
Padahal ora mudeng pokoke pede abis
Ndasmu wae wujude lancip koyo brambang
Gowo gowo ndene tak tandurane kembang

Helm e kebak stiker dinei moncong pet cross
Arep ndelok band bandan po arep ngecross
Sisan untumu kui tok gawe tapak lebar
Ben kinclong behelmu kui semakin bersinar

He cah acara rungokno laguku iki
Merwex crew, dirty dog, mr. Fc dadi siji
Aku ora nyindir tapi aku mung glendengi
Nek koe kroso sokor nek mangkel yowes sorry

He cah acara rungokno laguku iki
Merwex crew, dirty dog, mr. Fc dadi siji
Aku ora nyindir tapi aku mung glendengi
Nek koe kroso sokor nek mangkel yowes sorry

Petentang petenteng koyo uwong rande doso
Dasar rai gedek utegmu kebuntel kloso
Ramikir bapak ibumu diewangi buruh
Rono rene nyangklong SLR ngroso paling ampuh

Nganggo sepatu airmax nek ora new balance
Mlakune nganti doyong macak mendem kepolen
Saben dino posting nang jero grup klotingan
Tuku kaos brand luar sing regane jutaan

Nganggo kaos gombor nganti koyo nganggo kemul
Weruh kimcil melek sithik mesti pengen nyamul
Nganggo motor klx knalpot e diblombong
Karo konco lawas lali saiki wes sombong

Nganggo brand luar serasa superstar
Jare alergi nek mung nganggo brand lokal
Dasar uteg cah acara wes rodo ambyar
Nglakoni opo wae penting iso dadi tenar

He cah acara rungokno laguku iki
Merwex crew, dirty dog, mr. Fc dadi siji
Aku ora nyindir tapi aku mung glendengi
Nek koe kroso sokor nek mangkel yowes sorry

He cah acara rungokno laguku iki
Merwex crew, dirty dog, mr. Fc dadi siji
Aku ora nyindir tapi aku mung glendengi
Nek koe kroso sokor nek mangkel yowes sorry

Hardcore tok moshingi hip hopan tok c walki
Asline bocah opo to koe kui
Karepe ben iso ngehits koyo selebriti
Tapi ora nyadar rupamu koyo tungkak Miyabi

Mlaku mubeng" modus go njaluk rokok
Nyandang wangun mergo pengen dilirik cah wedok
Opo mergo sandangan koe dadi glelengan
Iki ora gawe gawe iki kenyataan

Hoo pancen bener sandanganmu larang larang
Ngecu wong tuamu alesane go iuran
Mbok sadaro le golek duit kui kangelan
Ojo waton obo koyo anake jutawan

Timbang aleman luwih becik sekolah sek nggenah
Dadio koyo bocah liyane sek nglembah manah
Mesakke wong tuamu njebabah raiso polah
Nek raiso dikandani ah embuh ah

He cah acara rungokno laguku iki
Merwex crew, dirty dog, mr. Fc dadi siji
Aku ora nyindir tapi aku mung glendengi
Nek koe kroso sokor nek mangkel yowes sorry

He cah acara rungokno laguku iki
Merwex crew, dirty dog, mr. Fc dadi siji
Aku ora nyindir tapi aku mung glendengi
Nek koe kroso sokor nek mangkel yowes sorry

Lirik Lagu Merwex Crew - Cah Acara

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Lirik Lagu Merwex Crew - Cah Acara"

Post a Comment