Lirik Lagu Panjol Ghogho - Konangan Nge'LC

Lirik Lagu Panjol Ghogho - Konangan Nge'LC

Mas elingo tresno iki uwes cidro
Koe lungo karo wong liyo aku ora trimo
Teroso tresno sek uwes ilang muspro
Aku ora lilo yen awakmu keno godho
Ra niat ngeculno trsno sing wes tak jogo
Tapi mbok rumongso nek atiku iki loro

Oh kasihku .. kemana engkau pergi
Ra kuat ati iki nunggu anggonmu bali
Pamitmu sedelo tak enteni ora bali
Loro ati iki ngerti koe nggondoli LC

Jaremu mung sedelo,pamitmu niliki konco
Koe lungo seko jam piro nyatane karo wong liyo
Aku pegel anggonku ngenteni
Aku mangkel wes mbok apusi
Unimu koe ra ngasi wengi
Lha kok malah koe nggondoli LC

Rasane loro ati iki uwes cidro
Marai loro ono ing njero dhodho
Mergo koe lungo karo wedokan liyo
Tapi kabeh iki aku kudu iso nompo

Najan atiku iki kudu ngrasakke loro
Aku isone amung sabar lan lilo
Pasrah marang Gusti lan akeh ndedongo
Nek aku nduwe salah
Aku njaluk pangapuro

Jaremu mung sedelo,pamitmu niliki konco
Koe lungo seko jam piro nyatane karo wong liyo ,
Aku pegel anggonku ngenteni
Aku mangkel wes mbok apusi
Unimu koe ra ngasi wengi
Lha kok malah koe nggondoli LC

Duh aduh dek bocah ayu
Sing saking tak tresnani
Nyuwun pangapurane mergo wes ingkar janji
Aku ora bakal mbaleni koyo wingi
Aku wes janji ro koe
Sumpah mati aku wani

Mergo aku sadar kabeh opo salahku iki
Mergo aku tetep tresno awakmu kuwi
Nanging aku kudu piye
Aku wes kadung ngapusi
Aku yo mung iso pasrah marang kersane gusti

Aku tetep ndongo ben koe iso lerem
Mugo wae aku karo koe tetep tentrem
Njalok pangapurane mbok koe ojo merem
Ben iso bebarengan uripe adem ayem

Jaremu mung sedelo , pamitmu niliki konco
Koe lungo seko jam piro nyatane karo wong liyo
Aku pegel anggonku ngenteni
Aku mangkel wes mbok apusi
Unimu koe ra ngasi wengi
Lha kok malah koe nggondoli LC

Mas elingo tresno iki uwes cidro
Koe lungo karo wong liyo aku ora trimo

Lirik Lagu Panjol Ghogho - Konangan Nge'LC

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Lirik Lagu Panjol Ghogho - Konangan Nge'LC"

Post a Comment